WULANGAN 1

WULANGAN 1

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Kelas/ Semester : X/ Ganjil

Standar Kompetensi : Mampu memahami berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya jawa melalui menyimak cerita atau informasi dari berbagai media.

Kompetensi Dasar : Memahami cerita atau berita yang disampaikan melalui berbagai media.

Materi Pokok : Unggah-ungguh dan tata krama.

 

Flowchart: Alternate Process: Standar Kompetensi : Mampu memahami  berbagai ragam wacana lisan tentang bahasa, sastra, dalam kerangka budaya jawa melalui menyimak cerita atau informasi dari berbagai media. Kompetensi Dasar 	 : Memahami cerita atau berita yang disampaikan melalui berbagai media. Materi Pokok 	 : Unggah-ungguh dan tata krama.

I. NYEMAK

A. Semakan

Salah satunggal siswa maos, lajeng siswa sanesipun mirengaken!

UNGGAH – UNGGUH BASA WONTEN ING BASA JAWI

Basa Jawi minangka perangan integral kabudayan bangsa Indonesia, awit saking menika lestantunipun saha ngrembakanipun tetep wonten bingkai keIndonesiaan. Tegesipun, lestantun saha ngrembakanipun basa Jawi kedah dipunleksanakaken sesarengan kaliyan lestantunipun saha ngrembakanipun basa Nasional. Basa Jawi tuwuh minangka identitas diri kanthi tetep njagi wewarah-wewarah ingkang utami ingkang wonten ing salebeting basa menika kalawau saha basa Indonesia tuwuh minangka pangraketing bangsa. Awit saking menika, basa Jawi boten saged uwal saking kabudayan Jawi minangka bingkai budaya Jawi sekaliyan minangka asil budaya Jawi.

Kanthi substansi nilai-nilai local, Kados dipunandharaken dening Sayuti wonten ing Kongres Kebudayaan wonten ing Bukit Tinggi (2003: 3-4) ngandharaken bilih budaya etnik local ngandhut tata nilai , norma, keyakinan, kebiasaan, konsepsi saha simbol-simbol ingkang gesang saha ngrembaka wonten ing masyarakat, kalebet wonten ing lebetipun etnik Jawi. Sareng kaliyan gesang sesarengan ingkang sami ngaosi tanpa kedah kecalan dinamika ingkang lumampah. Ing salebetipun wonten wewayangan kerukunan saha harmoni. Wonten ing sejarah, kita sampun makaping-kaping ngalami proses asimilasi saha adaptasi. Proses ingkang kalampahan ing jaman rumiyin mbuktekaken bilih kita minangka bangsa mampu nyaring saha nyelarasaken unsur sanesipun menika kalawau wonten ing gesang bebrayan kanthi cara werni-werni saengga dipunraos cocok sarta mboten wonten raos kepeksa. Menika sedaya saged kalampahan amargi kita nggadhahi identitas budaya ingkang kuat, kanthi cara mapanaken dhiri kita wonten ing sadar budaya. Basa Jawi minangka basa kabudayan Jawa mboten tida-tida malih ngandhut nilai-nilai lokal kados kaandharaken ing nginggil. Nilai-nilai menika kala wau antawisipun unggah-ungguh wonten ing basa Jawi.

………………………………………………………………………………………………………

Menawi dipunpenggalih kanthi sae, sejatosipun unggah-ungguh ing basa Jawi ingkang kedadosan saking patrap saha pocapan, nggadhahi konsep deduga, prayoga, watara saha reringa ingkang kacihna wonten ing sipat rereh, ririh saha ngatos-atos, ingkang salajengipun dipunsarengi sikep nebihaken sikep adigang, adigung lan adiguna. Ingkang sakjatosipun menawi dipunanalisis menika wau nggadhahi daya guna ingkang ageng sanget kangge nuntun manungsa netepi kewajibanipun, saking lair dumugi pejah kangge nggayuh keslametan saha kabagyan ingkang sakinggil-inggilipun. Kita minangka masyarakat saha dhiri pribadi boten gadhah andil kangge nyiptakaken kekisruhan saha padudon kados ingkang marak wonten ing jaman samenika. Ananging kita minangka anggota masyarakat saha dhiri pribadi saged caos andil kangge ndhidhik dhiri saha masyarakat kangge gesang kanthi ngleksanakaken tugas saha jejibahan ingkang selaras kaliyan tataranipun piyambak-piyambak kanthi samesthinipun.

( Kabesut saking: Purwanti, Ngleluri Basa: 47)

B.Tuladha Pangangening Basa Jawi.

Basa Jawi miturut unggah-ungguhipun kaperang dados basa Jawi krama saha basa jawi ngoko. Basa Jawi krama inggih menika basa Jawi ingkang nengenaken wontenipun raos urmat kinurmatan antawisipun tiyang ingkang sami rerembagan. Basa krama ingkang namung samadya anggenipun nandukaken raos urmat kinurmatan kasebat krama lugu, wondene ingkang langkung nandukaken raos urmat kasebat karma alus. Wondene ingkang kasebat basa jawi ngoko inggih menika basa Jawi ingkang boten nandukaken raos urmat kanthi ngegla, amargi antawisipun paraga rerembagan sampun rumaos sami supeket sesambetanipun. Ananging senajan mekaten, kados dene basa Jawi krama , basa jawi ngoko ugi kaperang dados kalih inggih menika basa ngoko lugu saha ngoko alus.

Basa Jawi ngoko lugu menika wujuding basa ingkang temen-temen kaginakaken antawisipun paraga rerembagan ingkang raket. Wondene basa Jawi ngoko alus menika taksih wonten perangan-perangan ingkang ngginakaken tetembungan saking krama inggil utawi krama andhap minangka cihna pakurmatan dhumateng tiyang ingkang dipunajak wawan-rembag.

Tuladha pangangenipun basa jawi antawisipun guru-murid, guru-guru, bab andharan laku kabecikan, kados kaserat ing ngandhap menika.

Tuladha 1: Pirembagan guru kaliyan siswa ing salebeting kelas.

Guru Basa Jawi mlebet kelas lajeng suka salam dhateng para siswanipun lan miwiti piwulangan basa Jawi.

Guru : “ Sugeng enjang, para siswa.”

Siswa : “ Sugeng enjang, Bu.”

Guru : “ Saderengipun ibu wiwiti piwulangan Basa Jawi ing taun ajaran enggal menika, para siswa sampun sami tepang kaliyan kanca-kanca menapa dereng? Lajeng kaliyan ibu guru menapa sampun sami tepang?”

Siswa : “ Dereng Bu.”

Guru : “Menawi dereng, cobi samenika sami tetepangan malih kaliyan kanca-kancanipun, Caranipun mangke para siswa majeng setunggal mbaka setunggal lajeng nepangaken identitas dhirinipun. Mangga dipunwiwiti kanthi nepangaken nama, asal sekolah, alamat, lan karemenanipun. Cobi samenika dipunwiwitI majeng kanthi cara gentosan.”

Siswa : “ Inggih Bu.”

Tuladha 2: Pirembagan antawisipun guru ing sekolah ngginakaken basa ngoko alus.

Guru seni budaya katingal kesesa nilar kelas ingkang nembe piwulangan lajeng dipunsuwuni priksa kaliyan guru basa Jawi.

Guru 1: “ Eh Bu, kok sajak ana sing dioyak, arep tindak endi?”

Guru 2: “ Oh, iya Bu, iki arep ning ruang guru sedhela, mau Pak Sulis ngendhika menawa ana telpun penting saka omah.”

Guru 3:”Oh ya is Bu, mangga ndherekake.”

Tuladha 3: Pirembagan antawisipun guru kaliyan kepala sekolah ngginakaken basa Jawi krama alus.

Guru Basa Jawi SMKN 2 Yogyakarta badhe sowan Bapak Kepala Sekolah, saperlu matur bab lomba nyerat aksara Jawi tingkat propinsi.

Guru :” Nuwun sewu, menawi kepareng badhe sowan Bapak?”

Kep. Sek :” Oh, mangga Bu, kagungan kersa menapa, kok sajak wonten wigatos?”

Guru :”Inggih pak mekaten, wulan ngajeng menika sekolah kedah ngintunaken siswa kangge tumut lomba nyerat aksara Jawi ing tingkat pripinsi, lajeng bab dana panyengkuyungipun kados pundi, Bu?”

Kep. Sek:”Oh, menika. Cobi wonten anggaran rak wonten dana mligi bab panyengkuyung dhumateng prestasi, lajeng kangge dana dhateng provinsi sampun wonten kok ancer-anceripun. Menawi taksih wonten dana panyengkuyung, kula sarujuk sanget menawi para siswa badhe tumut lomba menika.”

Guru :”O, nggih Pak Matur nuwun.”

( Kabesut saking Yogya Basa 3: 2-4 kanthi ewah-ewahan sawetawis)

C. Negesi Tembung

Tembung-tembung ing ngandhap menika kapadosana tegesipun!

1. lestantun:

2. ngaosi :

3. tida-tida :

4. deduga :

5. prayoga :

6. watara :

7. reringa :

8. rereh :

9. ririh :

10. adigang, adigung, adiguna :

D. Mangsuli Pitaken

Pitakenan-pitakenan ing ngandhap menika kawangsulana ngginakaken basa krama ingkang leres!

1. Wonten ing bangsa kita kathah werni-werni kabudayan ingkang beda-beda, wonten ing sejarahipun bangsa kita sampun ngalami proses menapa kemawon?

2. Menapa ingkang dipunandharaken Sayuti wonten ing konggres kabudayan wonten ing Bukit Tinggi?

3. Sejatosipun unggah-ungguh basa menika kadadosan saking menapa?

4. Unggah-ungguh basa menika nggadhahi daya guna menapa kemawon?

5. Kados pundi miturut para siswa, unggah-ungguh basa ing jaman samenika?

II. WICARA

A. Damel Pacelathon

Kadamela pacelathon srawung kaliyan tiyang sanes, dene tema saged milih salah satunggal andharan ing

1. Dipun-utus bapak supados matur Pak Lurah, amargi bapak badhe tindak jagong ing Semarang, pramila boten saged rawuh ing pirembagan nemtokaken acara kegiatan lomba dinten pendhidhikan ( 2 Mei) ing kelurahan.

2. Dipun-utus Bapak Dicky, minangka warga enggal ing dhukuh Jetis RT 3 RW 7 ngaturi rawuhipun warga RT 3 RW 7 pukul 19.00. Mapan ing dalemipun Bapak Dicky RT 3 RW 7 no. 25. Acara: pitepangan lan syukuran.

3. Pirembaganipun para pemudha panitia 17 Agustus ingkang badhe ngawontenaken kegiatan 17-an.

B. Dhiskusi bab unggah-ungguh saha tatakrama

Saking andharan ing ngandhap menika, para siswa kasuwun suka tanggapan miturut pamanggihipun para siswa piyambak!

1. Unggah-ungguh lan tatakrama minangka sipat kandel/karakter wong Jawa.

Ing madyaning bebrayan Jawi, sinau lan ngecakake bab unggah-ungguh iku wigati banget. Ungguh-ungguh kasebut bisa awujud unggah-ungguh basa, dene tatakrama awujud solah bawa, tindak-tanduk, lan patrap. Unggah-ungguh basa katitik saka tembung lan ukara kang kalesanake nalika guneman, sapa kang guneman, sapa kang diajak guneman, wektu lan papan nalika guneman, sarta bab apa kang digunemake. Dene tatakrama iku ana gayutane kaliyan subasita, tindak-tanduk lan patrap nalika sesambungan/komunikasi, tuladhane: sapa aruh marang sapa wae, nalika matur ulate padhang, ngurmati sapa wae, tansah andhap asor, ora kumalungkung, pamer, ugungan, lan sapiturute.

Ngecakake bab unggah-ungguhing basa lan solah bawa iku nyata bisa ndadekake dhiri pribadi kang mateng, karakter Jawa kang kenthel, ora individualis, lan nuduhake budaya katimuran. Wong kang kenthel rasa Jawane iku bisa katitik saka cara mature, solah bawane, tanggap ing sasmita, eling kiwa lan tengene, lsp. Mula banjur ana unen-unen yen ora bisa nindakake cara Jawa kang luhur mau banjur diarani ora nJawani, wong kang ilang Jawane, ora ngerti cara Jawa, lan sapanunggalane. Kanthi karakter Jawa kang kenthel, wong Jawa ora bakal ilang Jawane, wekasane padha ngurmati, urip bebarengan, lan mbangun masarakat adhedhasar laku utama kang tembene dadi pratandha kuncaraning praja, bangsa lan nagara.

2. Basa krama bisa ngedohake ubungan anak lan wong tuwa.

Jaman samangke akeh putra kang wus ora mituhu marang bapa biyunge. Anak wani karo wongtuwa, mbejujag, sageleme dhewe, dikandhani ora nurut, lan liya-liyane. Bab iki satemene ana gandheng cenenge kaliyan unggah-ungguh kang diwulangake dening wong tuwane lan saka masarakate. Mula, wong tuwa iku duwe peran kang gedhe kanggo ndhidhik putra-putrane, amarga bocah iku kawit cilik cedhak karo wongtuwane. Yen kawit cilik ora nate diajari unggah-ungguh kang satuhu, dadi apa gedhene? Adoh lan cedhake ubungan wong tuwa marang anak iku dudu saka bab basa kang digunakake. Nanging kepiye anggone nindakake komunikasi mau. Nganggo basa apa wae sauger ngerti marang rasa, unggah-ungguh lan subasita temtune kabeh bakal mlaku kanthi tumata.

Basa Jawa iku basa rasa, dene basa Jawa krama iku basa pakurmatan. Matur marang sapa wae, apa maneh marang wong tuwa nganggo basa krama iku ateges ngurmati wong liya. Yen anak lan wong tuwa wus padha kurmate, padha ngertine, ora mokal yen ta kulawarga mau bakal harmonis, serasi, lan selaras. Dadi, basa Jawa krama dicakake iku ora ateges gawe jarak ubungan manungsa siji-lan sijine. Nanging kanggo nuduhake posisine, yen ta wong tuwa iku pancen kudu dikurmati, diajeni, ora malah diasor-asorake nganggo basa kang kasar lan patrap kang nerak pranataning bebrayan. Cedhak iku biasane nglunjak, kepara malah midak. Mula saka iku perlu piranti kanggo ngontrol bab mau, salah sijine kanthi ngecakake unggah-ungguh basa lan subasita marang wong tuwa ing pangajab anak lan wong tuwa bisa sih-kinasihan, mat-kinurmatan, guyub rukun, lan atut runtut.

3. Para mudha wiwit apatis marang basa, sastra lan budaya Jawa.

Saben-saben ngrembug bab budaya lan basa Jawa mesthi tuwuh pitakonan. Ing jaman modhern ngene kok isih mikir bab tradhisi lan Basa Jawa? Sapa kang gelem ngleluri budaya Jawa, yen ta kabeh mau nora nana asile? Pikiran ngono iku satemene tuwuh saka pangaribawane budaya manca kang luwih nawakake kebebasan, matrealis, kapitalis, merdika, tundhone dadi merdika kang kebablasen lan nora eling ing purwa duksina. Kabeh bakal ana ajine yen bisa njalari tekaning materi (matrealistis), bab rasa iku nomer keri. Banjur kepiye supaya para mudha iku tresna marang basa lan budaya Jawa? Wangsulane gumantung personal dhewe-dhewe, ana kang sarujuk lan ana uga kang nolak mentah-mentah yen ta basa lan budaya Jawa iku bakal maju. Dene kang sarujuk iku mestine melu cawe-cawe amrih majune, ora mung ngayawara. Ora lila yenta basa lan budaya Jawa iku ilang, nanging dheweke babar blas ora gelem nyinau lan ngecakake kabeh mau.

Yen para mudha saiki wiwit apatis marang budaya apa maneh basa Jawa, iku pancen ora bisa dialang-alangi maneh. Sebab, nyata kabeh mau ana gayutane karo era globalisasi lan modhernisasi kang nuntut sarwa-sarwi serba maju. Emane dadi kemajuan kang ninggalake tradhisine. Beda lamun negara Jepang, maju nanging ora nglalekake aspek nilai tradhisionale. Mbok menawa akeh para mudha utamane wong Jawa kang ora gelem diarani nJawani, Jawa iku kuna, ndesa, lan luwih seneng diarani wong modhern, nadyan laire, cilike, lan gedhene aneng tanah Jawa. Sing paling penting jenenge budaya iku pancen asipat dinamis, tansah golek bentuk anyar nuting jaman kalakone. Contone, ing jaman Jawa Kuna, mbok menawa biyen uga ana rasa sumelang yen ta basa Jawa Kuna bakal surut, amarga masarakate akeh kang ora bisa maneh matur nganggo basa Jawa Kuna. Mula saka iku basa Jawa Kuna banjur owah lan ganti dadi basa Jawa Tengahan. Basa Jawa Tengahan dhewe banjur owah lan ganti dadi Basa Jawa gagrag Anyar kaya dene basa Jawa kang saiki kanggo. Ora mokal, yen masarakat Jawa dhewe saiki wiwit ninggalake basa lan budayane, mbok menawa bakal thukul bentuk basa lan budaya anyar bacute periodhe Jawa Anyar, amarga sipate budaya kang ora statis mau.

III. MAOS

A. Kawaosa tembung – tembung ing ngandhap menika kanthi permati!

01. Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil
Perangane Awak

No.

Ngoko

Kramå Madyå

Kråmå Inggil

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43.
44.
45.
46.
47.
48.
49.
50.
51.

alís
ati
awak
balúng
bangkèkan
bathúk
bókóng
brêngos
cangkêm
cêngêl
dhådhå
dhêngkul
dlamakan
driji
êmbun-êmbunan êndhas
èpèk-èpèk
gêgêr
gêlung
gêtíh
githok
gulu
idêp
idu
igå
ilat
irung
janggút
jénggot
kémpol
kringêt
kuku
kupíng
lambé
luh
måtå
pipi
pundhak
pupu
rai
rambút
riyak
sikíl
susu
swårå
tangan
umbêl
untu
uyúh
wêtêng
wudêl

alís
manah
badan
balung
bangkèkan
bathúk
bokong
brêngos
cangkêm
cêngêl
dhådhå
dhêngkul
dlamakan
driji
êmbun-êmbunan
sirah
èpèk-èpèk
gêgêr
gêlung
rah
githók
gulu
idep
idu
igå
ilat
irung
janggút
jénggot
kémpol
kringêt
kuku
kupíng
lambé
luh
mripat
pipi
pundhak
pupu
rai
rambút
riyak
suku
susu
swantên
tangan
umbêl
untu
toyan
wêtêng
wudêl

imbå
(peng) galih
salirå
tosan
pamêkan
palarapan
bocong
gumbålå, rawis
tutuk
griwå
jåjå
jengku
samparan
racikan
pasundhulan
muståkå
tapak astå
pêngkêran
ukêl
rah
julukan
jangga
ibíng
kêcoh
unusan
lidhah
grana
kèthèkan,adhêgan
gumbala
wêngkêlan
riwé
kênåkå
talingan
lathi
waspå
paningal, socå
pangarasan pamidhangan
wêntís
pasuryan
rémå, ríkmå
jlagrå
ampéyan
prêmbayún
swantên
astå
gadhíng
wåjå
turas
padharan
tuntunan

02. Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil
Tembung Liyane Aksårå A – D

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.

A
abang
adhi
adêg
adóh
adús
ajang
aku
ambúng
amít
anak
anak-anak
anggo
aran
arêp
(pêm)-barêp
asu
awèh
ayo
é


abrít
adhi
ngadêg
têbíh
adús
ajang
kulå
ambúng
amít
yogå
anak-anak
anggé
nåmå
ajêng, badhé
pêmbajêng
sêgawon
nyukani
månggå
ník

abrít
rayi
jumênêng
tebíh
siram
ambêng
kawulå,dalêm
aras
kulånuwun,
putrå
peputrå
agêm
asmå
kêrså
pêmbajêng
sêgawon
maringi
sumanggå
pún

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.

B
bali
bantal
banyu
bapak
batúr
bêbêd

bébék
bênêr
bêras
biyèn
bojo
borèh
buri
buwang
bebuwang
buyar


mantúk
bantal
toyå
bapak
réncang
bêbêd

kambangan
lêrês
uwós
riyín
sémah
borèh
wingkíng
bucal
bêbucal
rampúng


kúndúr
kajang sirah
toyå
råmå
abdi
nyamping

kambangan
kasinggihan
uwós
rumiyin
garwå
kónyóh
pêngkêran
kêndhang
bóbótan
rampúng


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.

C
caritå
caturan
cawis
cêkêl
cèlèng
céwok
clathu
cucúl
cukúr
cundhúk


cariyós
wicantên
cawís
cêpêng
andhapan
cawík
wicantên
cucúl
cukúr
cundhúk

cariyós
ngendikå
caós
astå
andhapan
cawík
ngendikå
lukar
paras, pangkas sangsangan


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10. 11.
12.

D
dadi
dalan
dandan
dêlêng
dhéwé
dhuwít
dudu
doyan
dolan
dulang
durúng
duwé


dadós
radinan
dandós
ningali
piyambak
yatrå
sanès
purún
dolan
ndulang
dêrêng
gadhah

dadós
margi
abusånå
mriksani
piyambak
artå
sanès
kerså
amêng-amêng
ndulang
dèrèng
kagungan

03. Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil
Tembung liyane Aksara E – K

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.

E
élíng
êmbah
êmbuh
êndêm
êndi
êntèni
ênyang
êpèk
ésuk


élíng
êmbah
kirangan
mêndêm
pundi
êntosi
awís
pêndhêt
énjíng


émút, engêt
éyang
ngapuntên
wuru
pundi
rantosi
awís
pundhút
énjíng


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.

I
ikêt
iki
ilang
imbúh
inêp
irêng
ngiringakên
iså
isín
iwak
iyå


ikêt
niki
ical
imbêt
nyipêng
cêmêng
ngiringakên
sagêd
isín
ulam
inggíh


dêstar
punikå
ical
tandúk
nyaré
cêmêng
ndhèrèkakèn
sagêd
lingsêm
ulam
sêndikå


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.

J
jågå
jago
jalúk
jamu
jaran
jarít
jenat
jerúk
jisím
jogèd
jungkat
jupúk


jagi
sawúng
nêdi
jampi
jaran
sinjang
jênat
jêram
jisím
jogèd
sêrat
pêndhêt


rêkså
sawúng
nyuwún
lólóh
titihan
nyamping
swargi
jêram
layón
bêkså
pêthat
pundhút

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.

09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.

K
kabèh
kåcåmåtå
kagèt
kakang
kalúng
kanggo
kåndhå
kathók
katúr
kayu
kêbo
klambi
kêlúd
kêmbang
kêmbên
kêmúl
kêrís
kijíng
kirå
kóngkón
kowé
kramas
kråså
krungu
dikubúr
kuburan
kurang
kuwat
kuwi


sêdåyå
kåcåmripat
kagèt
kakang
kalúng
kanggé
sanjang
kathók
katúr
kajêng
maéså
rasukan
kêlud
sêkar
kêmbên
kêmul
dhuwúng
kijíng
kintên
kèngkèn
sampéyan
kramas
kraós
kêpirêng
dipêtak
kuburan
kirang
kiyat
niku


sêdantên
kåcåtingal
kêjót
råkå
sangsangan
kagêm
ngêndika
lancingan
konjúk
kajêng
maéså
agêman
samparan
sêkar
kêsêmêkan
singêp
wangkingan
sêkaran
kintên
utús
pênjênêngan
jamas
kraós
midhangêt
disarèkaké
pasaréyan
kirang
kiyat
punikå

04. Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil
Tembung Liyane Aksara L – P

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.

10.
11.
12.
13.
14.

L
labúh
lagi
laír
lali
lanang
lårå
larang
layang
lemah
lêmu
liwat
lungå
lêlungan
lunggúh


labêt
sawêg
lair
supé
jalêr
sakít
awís
sêrat
siti
lêma
langkúng
késah
kêkésahan
lênggah


labêt
nêmbé
miyós
kalimêngan
kakúng
gêrah, gêring
awís
nawålå
siti
lêmå
langkúng
tindak
pêparan
pinarak


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.

16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.

M
måcå
macan
malíng
mambu
manak
mangan
mangkat
marang
mati
mayít
mêlèk
mèlu
mènèhi
mênjangan
menyang
mêtu
mikir
minggat
mlaku
mudhún
mulang
mulíh
muni
murah


måcå
macan
maling
mambêt
nglairakên
nêdhå
bidhal
dhatêng
pêjah
mayít, jisim
mêlèk
tumút
nyukani
sangsam
dhatêng
mêdal
manah
minggat
mlampah
mandhap
mucal
mantuk
mungêl
mirah


maós
sima
pandúng
nggåndå
mbabar
dhahar
tindak, jengkar
dhatêng
sedå, surúd
layón
wungu
ndhèrèk
maringi, nyaósi
sangsam
dhatêng
miyós
nggalíh
lólós
tindak
mandhap
mucal
kúndúr
mungêl
mirah

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.

11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.

N

nandúr
nangís
nêpsu
nóm
nunggang
ngadêg
ngaggo
ngarêp
ngaso
ngêlu
ngèngèr
ngêntèni
ngimpi
ngirím
ngisíng
ngombé
ngóngkón
nguyúh
nyambút gawé
nyêkêl
nyilíh
nyrêngêni
nyritani


nanêm
nangís, mular
nêpsu
nèm
numpak
ngadêg
nganggé
ngajêng
kèndêl
ngêlu
ngèngèr
ngêntosi
ngimpi
ngintun
bebanyu
nginum
ngèngkèn
toyan
nyambut damêl
nyêpêng
nyambut
nyrêngêni
nyriyosi


nanêm
muwún
duka
timúr
nitíh
jumênêng
ngagêm
ngarså
kèndêl
puyêng
ngabdi
ngrantós
nyupêna
ngintún
bóbótan
ngunjúk
ngutús ngaturi
turas
ngastå damêl
ngastå
ngampíl
ndukani
nyriyósi


01.
02.
03.
04.

O
obat
olèh
ómpóng
ora


jampi
angsal
ómpóng
bótên

Usådå
pikantuk, kêparêng
dhaút

bótên


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.

11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.

P
pådhå
padusan
paidón
panas
pangan
pangilón
paturón
payúng
pétan
pikír
pilís
pitík
prau
pupak
pupúr
putíh
putu


sami
padusan
paidón
bêntèr
têdhan
pangilón
patilêman
payúng
pétan
manah
pilís
ayam
kapal
pupak
pupúr
pêthak
putu


sami
pasiraman
kêcohan
bêntèr
dhaharan
paningalan
pasaréeyan
sóngsóng
ulík
penggalíh
blónyóh
ayam
baitå
dhaút
tasík
pêthak
wayah

05. Tembúng Ngoko – Kråmå Mådyå – Kråmå Inggil
Tembung liyane Aksara R – Y

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.

R
rabi
rådå
råså
råtå
raúp
rekåså
rupå
rusak


émah êmah
radi
raós
radin
raúp
rêkaos
warni
risak


kråmå
radi
raós
radin
suryan
rekaós
warni
risak


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.

S
sabúk
sadhêla
sadulúr
salín
sandhangan
sapi
sapíh
sapu
sêga
sêgårå
selír
sendhók
silíh
slamêt
suwé


sabúk
sêkêdhap
sadhèrèk
gantós
panganggé
lêmbu
sapíh
sapu
sêkul
sêgantên
selír
séndhok
sambút
wilujêng
dangu


pêningsêt
sêkêdhap
sadhèrèk
gantós
pangagêm
lêmbu
pêgêng
samparan
sêkul
sêgantên
ampil, ampéyan
lantaran
ampíl
sugêng
dangu


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.

11.
12.
13.
14.
15.

T
takón
tandang gawé
tåndhå tangan
tandúr
tangi
tapihan
têka
têkên
têtak, sunat
tiba
tilík
tuku
turah
turu
turún


takèn
nyambut damêl
tåndhå tangan
tanêm
tangi
tapihan
dugi, dhatêng
têkên
têtak, sunat
dhawah
tuwi
tumbas
tirah
tilêm
turún


ndangu
ngastå damel
tapak astå
tanem
wungu
nyampingan
rawúh
lantaran
supít
dhawah
tuwi
mundhut

tirah
saré, néndrå
têdhak

Sample Image

B. Gladhen

Waosan ing ngandhap menika kadamela basa kramanipun!

Nandur Budi Pekerti Luhuring Siswa Liwat Geguritan

Apa ta sing dikarepake Pendhidhikan Budi Pekerti iku? Pendhidhikan Budi Pekerti yaiku proses pendhidhikan sing ditujokake kanggo ngrembakakake nilai, sikap lan perilaku siswa kang nyunarake akhlak kang mulya. Dene nilai-nilai budhi pekerti sing dikarepake, upamane: amal saleh, amanah, nduweni prasangka becik, kerja kanthi semangat, wani tumindhak bener, wani nanggung resiko, dhisiplin, jujur, wicaksana, adil, prasaja, lan sapiturute.

Para pendhidhik umume lan mligine para guru nyambut kanthi becik anane programming pemerintah mau. Eling-eling arep diwiwitine Pasar Bebas Asia Afrika (AFTA) ing taun 2003 iki lan bakal tekane Pasar Bebas Internasional (NOFTA) ing taun 2010 mengko. Kita bisa mbayangake ing pasar bebas kasebut, pira cacahe produk-produk manca sing bakal mlebu menyang negarane dhewe. Mesthine tekane prodhuk-prodhuk mau uga dibarengi karo budaya-budaya manca kasebut. Yen nganti pondhasi budi pekerti luhure siswa / generasi mudha kita ora kuwat, generasi-generasi mudha kita bakal kanthi gampang kena pengaruh budaya-budaya asing mau. Kamangka budaya-budaya kasebut durung mesthi yen cocok karo situasi kondhisi bangsa kita Indonesia. Mula saka iku Pendhidhikan Budi Pekerti iki diajab bisaa kanggo tameng / filter mlebune budaya-budaya asing kasebut.

Geguritan minangka salah siji cara kanggo nuwuhake budi pekerti luhure siswa. Geguritan bisa dijupuk saka buku-buku piwulangan, kalawarti-kalawarti basa Jawa. Geguritan minangka salah sawijine wujud sastra sing mesthi nduweni pesen sing arep diaturake dening pangriptane marang para pamaca. Lan pesen-pesen mau mesthi bakal migunani tumrap ngaurip ing madyane bebrayan. Mulane ya kudu digoleki. Kanthi maca lan mangerteni isine geguritan, diajab bisaa siswa thukul sopan santune, rasa jujure, welas asih mring sapepadha, andhap asor, iman lan taqwane.

(Dening: Karti Tuhu Utami. Panjebar Semangat, No:06, 8 Pebruari 2003 kaca 25, kanthi ewah-ewahan sawetawis)

C. Kawaosa tembung wilangan ing ngandhap menika kanthi permati!

Angka

Basa Kawi

Basa Jawa Ngoko

Basa Jawa Krama

1

Eka

Siji

Setunggal

2

Dwi

Loro

Kalih

3

Tri

Telu

Tiga

4

Catur

Papat

Sekawan

5

Panca

Lima

Gangsal

6

Sad

Enem

Enem

7

Sapta

Pitu

Pitu

8

Astha

Wolu

Woku

9

Nawa

Sanga

Sanga

10

Dasa

Sepuluh

Sedasa

100

Sata

Satus

Satus

1.000

Sasra / saharsa

Sewu

Sewu

10.000

Saleksa

Sepuluh ewu

Sedasa ewu

100.000

Sakethi

Satus ewu

Satus ewu

1.000.000

Sayuta

Sayuta

Sayuta

1.000.000.000

Arwuda

Samilyar

Samilyar

Kramanipun tembung wilangan pecahan

saha rupiyahan

Pepeling kramanipun tembung wilangan

2/3 : kalih pra tigan

3/4 : tigang pra sekawan

1 ½ : setunggal setengah

3 5/12 : tiga gangsal pra kalih welas

4 13/24 : sekawan tiga welas pra kawan likur

3 3/10 : tiga tigang pra sedasa

5 7/100 : gangsal pitung pra satus

14 123/1000 : kawan welas satus tiga likur pra sewu

2,3 : kalih tigang pra dasan

24,12 : kawan likur kalih welas pra atus

45, 225 : kawan dasa gangsal kalih atus selangkung pra ewon

6.325. 224 : nem yuta tigang atus selangkung ewu kalih atus kawan likur.

Rp. 423,- : kawan atus tiga likur rupiyah

Rp. 403. 114,-: kawan atus tiga ewu satus kawan welas rupiyah.

11 : sewelas

21 : selikur

25 : selangkung

50 : seket

60 : sewidak

1000 : sewu

1.000.000 : sayuta

¼ : sa pra sekawan

2/5 : kalih pra gangsal

5/7 : gangsal pra piton

9/10 : sangang pra sedasa

12/100 : kalih welas pra satus

0,2 : kalih pra dasan

0,03 : tigang pra atus

0,014 : kawan welas pra ewon

D. Gladhen

Kaserata kramanipun tembung wilangan ing ngandhap menika!

1) 5233 11)Rp. 10. 375.530,-

2) 1997 12) Rp. 135.582.375,-

3) 2008 13) 10/1000

4) 2353 14) 25 320/1000

5) 21.329 15) 10/7

6) 20. 051 16) 32,47

7) 20. 947 17) 0, 832

8) 20. 264 18) Rp. 595,-

9) 22. 298 19) Rp. 5375,-

10) 28. 543 20) Rp. 7685,-

IV. NYERAT

A. Waosan

Andharan ngengingi dhisiplin ing ngandhap menika kawaosa kanthi premati!

DHISIPLIN

Gb. 1: Ngajarake dhisiplin wiwit cilik

Apa ta dhisiplin kuwi? Wiwit isih cilik mbok menawa awake dhewe wis diajari dhisiplin. Kayata, yen tangi turu enggal-enggal reresik utawa beres-beres kamar, banjur nandangi gaweyan liya, lan pungkasane reresik awak. Sadurunge mangan, kudu wisuh luwih dhisik supaya ora gampang ketaman lelara, yen mangan nganggo tangan tengen, yen ana PR enggal-enggal digarap, mangkat sekolah aja nganti telat, menawa numpak kendharaan motor kudu lengkap layang-layange, yen sekolah aja seneng mbolos, lan isih akeh maneh tuladha liyane. Dhisiplin pribadhi minangka sikep mental kanggo nyelarasake aturan-aturan saka luar dhiri kita pribadi. Yen wis ninggalake dhisiplin mau, mesthine sing rugi awake dhewe, urip dadi ora karuwan, urip kaya ora duwe pengangen-angen, waton nglakoni urip, ora aturan, semau gue, lan sapanunggalane. Pancen rada meksa, nanging yen wiwit cilik wis dilatih supaya bisa urip bebarengan lan gelem ngajeni wong liya, ing tembe bakal dadi wong sing duwe disiplin tinggi. Wong tuwa sing duwe rasa tanggung jawab gedhe bakal ngupaya nanemake perilaku marang anake sing dianggep becik lan ngedohi perilaku utawa tumindak sing kurang prayoga.

Ana limang (5) tahap perkembangan dhisiplin, yaiku: (1) dhisiplin diduweni wong, mung kanggo ngedohi ukuman wae, (2) dhisiplin kang ditindakake amarga mung kepingin oleh imbalan utawa hadhiah, (3) dhisiplin ditindakake kanggo manut aturan wae, supaya dadi pawongan sing ngerti aturan, (4) dhisiplin iku ditindakake merga saben warga sing bermasyarakat kudu manut peraturan sing ana lan padha duwe penganggep menawa kepentingan bersama luwih penting tinimbang kepentingan pribadhi, lan (5) dhisiplin tahap tinggi, utawa penanaman dhisiplin sing wis mendarah daging, upamane saka wong tuwa, guru lan pimpinan. Dhisiplin kasebut uga uwis ngalami proses internalisasi kang sampurna.

Dhisiplin prayogane ditindakake kanthi manusiawi. Ukuman minangka alat kanggo njejegake dhisiplin dipilih kang positif. Mula, perlu anane conto-conto sing bener kanggo njejegake dhisiplin kasebut. Upamane, menawa dina Senen murid-murid kudu mangkat gasik kanggo melu upacara bendhera, minangka guru yen rawuh aja nganti telat. Sajroning kantor utawa instansi menawa karyawane diwajibake sregep makarya, pimpinane uga kudu luwih sregep. Kanthi mangkono, kaajab dhisiplin mau bisaa dadi budayaning masarakat amrih bisa urip mulya, sukses, lan mandhiri.

(Kapethik saka Djaka Lodhang no. 37/2007, kanthi owah-owahan saperlune)

B. Kawruh Basa

Tegesana tembung-tembung ing ngisor iki!

1. ketaman :

2. makarya :

3. selaras :

4. positif :

5. prayoga :

6. internalisasi :

7. instansi :

8. budaya :

9. mulya :

10. mandhiri :

C. Tugas!

Garapen lan wangsulana nganggo basa krama!

1. Apa tegese dhisiplin iku?

2. Terangna kepiye carane nanemake dhisiplin tumrap bocah, wiwit cilik!

3. Terangna tujuwan lan gunane nindakake dhisiplin!

4. Kepiye cak-cakane nindakake dhisiplin ing kulawarga, sekolah, lan masarakat iku?

5. Terangna kahanan para siswa saiki babagan njejegake dhisiplin, lan wenehana tanggapan (komentar) ngenani bab mau!

B. Ringkesan

Karingkesa saha kapadosana piwulang budi pakertinipun mawi basa krama ingkang sae!

Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: